Sabtu, 18 Februari 2012

Becik Ketampik Ala Ketampa

Becik Ketampik Ala Ketampa

 Pasemon, parikan, wangsalan, paribasan, saloka lan sanepan minangka bumbu kang ndadekake rumaketing pasrawungan wis kapacak ana rubrik basa jawa kang kepungkur. lsih ana maneh tunggale yaiku kerata basa lan plesetan.

Kerata Basa

Tetembungan kang asale saka tembung wantah banjur didadekake rong tembung utawa luwih flanging tegese cengkah karo tembung kawitan.  Keratabasa uga ana sing ngarani arwa dhosok, senadyan saktemene ana bedane senadyan mung sithik banget nganti angel anggone mbedakake. Kancaku sing duwe pakaryan pranata cara (MC) ing sawijining wektu disraya kanca kenthele kang duwe pakaryan dadi dhagelan utawa pelawak supaya gelem dadi pranata cara nalika dheweke dadi manten. Gandheng pengantene pelawak mula anggone nyandra lakuning kaya ing ngisor iki:

 

Para tamu sedaya ingkang kawula kurmati, kula aturi jumeneng sawatawis awit penganten badhe mlebet ing sasana pahargyan. Gapuraning sasana pahargyan pinajang ing sawernaning tanem tuwuh ana sakngareping tarub. Apa ta maknane tarub yaiku ditata kareben katon murub kanthi rerenggan kang sarwa ijo, kang ngemu karep iki ho bakal lodhoku.

Gapura rinengga janur : janjine yen wis jejodhoan pada matkinurmatan. Tebu tegese mantebe yen wis mlebu, yaiku mlebu ing alam bebrayan. Salak tegese sampun celak antarane penganten lanang lan wadon, sinebut salak tinggi, supaya ambene penganten ora ana tinggine. Uga ana jambu, yen wis dadi penganten saben diceluk ibu. Jambu kluthuk supaya penganten lungguh marikelu yen ora kepengin dithuthuk mbah Dhukun.

Rinengga cengkir merlambangake kencenging  piker, anggone mbangun bebrayan kanthi tekat kang kenceng. Pisang satundhun, pisang mengku karep temanten anyar kudu pisah yen sampun siyang, perlune melu ngrewangi botrepote bubar duwe gawe. Satundhun, sawanci-wanci penganten wadon dituntun supaya mudhun nyambut gawe ana pawon. Lakune penganten sarimbit dalah kadang waris dawa kaya ula, selur kaya sepur tanpa kondhektur. Ing ngarepe mlaku kanthi jejogedan canthang baking pinangka cucuking lampah, pawakan lanang nanging rada kemayu. Lambe ngisor rada turah, dipulas abang mblenger njur menjab-menjab nambahi kemayune.

Penganten lanang ngagem Kupluk, Kaku tur nyempluk ora nganggo blangkon. Nyengkelit keris, gagange mlungker ora kena nggo ngiris. Nganggo sruwal utawa kathok dawane tekan ngisor dhengkul. Sruwal, saru yen nganti uwaldene kathok yen nganggo sikile dianqkat mbaka sithok, yen diangkat bareng bisa nggeblag.

Uga nganggo sepatu dudu selop kaya adate, sepatu yen  sikile ditlesepake ora bisa metu, yen dinggo mlaku penak ora  kuwatir ngidak paku lan kesandung watu. Dene penganten  wadon nganggo cundhuk mentul, manten ora kena mecucu amarga atine wis manteb ora  mentul-mentul maneh. Klambi kebaya benike rentep, benik tegese saben-saben dienik-enik yen dilebokake metu, yen  ditokake malah mlebu.

Penganten loro padha balang-balangan suruh, kesusu olehe arep weruh  kepriye carane dadi manten amarga yen balang-balangan watu mesti benjut kabeh.

Penganten Sarimbit lenggah ana kursi amarga yen mungkur isi, ora ana wong lungguh    madhep nyang mburi.

Penganten lanang krasa sumuk, kesusu olele ndumuk, nanging ndumuk sirah amarga gatel nganggo kupluk Sirah jarene isine rah, yen ora percaya grajinen. Sing wadon ndumuk bathuke sing kringeten, bathuk kanggo ngembat barang sing mathuk, yen ora mathuk ora sah dipikir. Dene kringet yen lagi  sumuk rasane keri tur angte, ning yen arep ucul ya isin.

Sak ngisore bathuk ana mata, ngematna barang sing nyata yen ora pati jelas ora sah didelok. Banjur ana kuping, kaku tur njepiping gunane kanggo canthelan kaca mata, yen tukang kayu sok dinggo nylempitke potrlot utawa tegesan. Irung utawa gana segere  mesthi ana mula nyreata sing seger, sing mambu ora sah, mengkono anggone nyandra.

Saiki giliran para tamu nampa wedang tegese ngawe kadang, ngumpulake para kadang supaya ngesytreni dhauping pinanganten. Panganane wujud roti lan lemper, roti artine wong loro dadi siji, janji arep sehidup lan semati. Lemper dialem wong wis memper, ketan abang diiseni abon. Wedange diwadhahi gelas amarga yen tugel ora kene di-las, dene panganane diwadhahi piring, yen sepi ora ana isine, disusun miring. Diwenehi gedhang perlune digeget bar madhang, ana sing mulih nggawa berkat, mak breg terus diangkat. Peladene para mudha taruna dipimpin dening Jarkoni, bisa ngajar nanging ora bisa nglakoni, dibiantu dening Toni sing yen ngomong waton muni.

 

Plesetan

Udakara taun 80an ing Universitas Gadjah Mada Yogyakarta nganakake "Lomba Plesetan" antar mahasiswa mbarengi ulang tahun Universitas kasebut. Plesetan tetembungan kang asale  tembung wantah banjur dipelsetk, racake kang dipliestake wanda pungkasan. Banjur wand kang pungkasan iku didadekake lingga. Contone kaya ing ngisor iki :

Esuk-esuk menyang pasar tuku genuk (gethuk), genuk seka tela, tela rambut (rambat), rambut kricak (kriting). Kricak iku  kencane kripik (krikil), kripik enak yen digoreng gareng (garing), gareng sing sikile pincuk (pincang), pincuk nggo wadhah naga (sega), naqa iku rak mbahe gula (ula), gula jawa apa gula kasir (pasir), Kasir (Kusir) dhokar lagi ngombe topi (kopi), topi kok dinggo piring (miring), piring karo gelas iku bala bocah (pecuthi), bocah cilik mangan rokok (roti), rokok alus apa rokok cengkir (cengkeh), cengkir gadhing rupane kucing (kuning), kucing kerah mbrebegi emping (kuping ), emping mlinjo marakake asam serat (urat), serat nanas kena nggo kali (tali), kali brantas banyune jagung (agung), jagung bisa digawe bronjong (brondong), bronjong kawat nggo nahan emosi (erosi), emosi kena neng ora kena nyamuk (ngamuk), nyamuk dendham (demam) berdarah.

Carane lomba ditindakake wong loro, sing siji pinangka "pemberi umpan" kancane kancane kudu bisa nyaut sarana tembung sing diplesetake. Akeh sing mandheg lagi  sepuluh ukara, malah ana sing lagi limang ukara wis mandheg. Juarane sing ukarane saut-sautan paling akeh. Plesetan uga migunakake ukara baku terus diplesetake witing trisna jalaran saka kulinadiplesetake witing trisna jalaran saka sembrana, witing trisna jalaran saka dipeksa, witingtrisna jalaran atusan lima, witing tresna jalaran era ana liya.  Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani diplesetake: ing ngarsa sok kuwasa, ing madya numpuk bandha, tut wuri hanjegali.

Ana uga jeneng wong kang sing biasane terkenal, diplesetake : James Cary - Jamhari, Gary Linneker - Kari Ngleker, Piere Beacon  -  Pir Bengkong, Socrates - Sok Nggrates, Byock Flinden – Boyok Mlinder, Louis Amastrong – Ngulu Semprong, Frank Krijk    Parangakik, General Carpentier – Jendral Sekarpace. Basa jawa diplesetke dadi basa Jepang : Niki sae, niki echo, isaku iki, saisaku. Wusana becik ketitik ala ketara dadi becik ketampik ala ketampa.

--

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar